Tuesday 14 February 2017

Lirik Lagu NDX A.K.A - Melas

Lirik Lagu NDX A.K.A - Melas













Tresnaku seng tak jogo
Ra bakal ilang
Nganti, Aku tekane mati

Sak tenane ati iki loro
Tresnamu gawe susah aku...
Tak trimo kowe bakal lungo
Senadyan ati wes kadung tresno (Hoooohhh)

Pada bulan wengi turu
Kowe Ngucapke janji
Yen Tresnoku Mung Kowe
Seng Manggon neng njerone ati

Tak Jak Nyunggi Loro Susah Seneng
Kui sek dadi bukti
Senajan nggayuh lintang
Bakalan tak lakoni

Nanging kabeh kui
Wes tok gae muspro
Nganti ati iki loro
Tambah cidro tok sio-sio

Janjimu wes ra guno
Lamis ono neng jiwo
Aku ki kurang opo
Nganti kabeh tok jarno

Sak tenane ati iki loro
Tresnamu gawe susah aku...
Tak trimo kowe bakal lungo
Senadyan ati wes kadung tresno (Hoooohhh)

Sepoi semilir angin
Gede ombak segoro
Sejuk rindang wit ringin
Tansah ngademke tresno

Sak jujure isi ati
Aku tresno tekan mati
Nanging piye maleh loro ati
Lan kepati pati

Lungo ugo jiwoku
Ndang cepet mari
Piwales roso tresno
Dibales karo gusti

Gendero putih cilik
Kang iso dadekne saksi
Saksine loro ati
Mergo aku tok larani

Tresnaku seng tak jogo
Ra bakal ilang
Nganti, Aku tekane mati

Sak tenane ati iki loro
Tresnamu gawe susah aku...
Tak trimo kowe bakal lungo
Senadyan ati wes kadung tresno (Hoooohhh)

Yen pancen koyo ngene
Tresno seng tak rasakke
Nganti soyo ajur
Kowe gandeng ro liyane

Batin wes ra peka
Soyo bundet mikirke kowe
Cubo mikir sitik
Angel tenan ngelalekke kowe

Kenanganmu ninggal janji
Seng mbiyen ra tok tepati
Kowe uwes bedo
Ra guno tak tangisi

Wes cukup loro ati
Mugo ndang cepet lali
Ojo nganti tak gowo
Tekane aku mati

Sak tenane ati iki loro
Tresnamu gawe susah aku...
Tak trimo kowe bakal lungo
Senadyan ati wes kadung tresno (Hoooohhh)

Sak tenane ati iki loro
Tresnamu gawe susah aku...
Tak trimo kowe bakal lungo
Senadyan ati wes kadung tresno (Hoooohhh)
Share:

0 comments:

Post a Comment