Lirik Lagu Tangise Sarangan – Saraswati Sarangan kang dadi saksi nalikane jaman semono neng kono sliramu medhot janji ono pinggir telogo aku biso opo kejobo ngronto ing dodo Telogomu ibarate eluhku howo adem ibarat atiku asri panggonmu ra biso nggambarke atiku sing tak roso perih ing dodo kudu lilo aku mok tinggalno Lilo aku ra lilo nanging piye maneh wis dalan kang Kuoso Sarangan dadi saksi tumetes eluhku neng pinggir telogo tak culne sliramu Piye aku kudu piye yen wis ngene sing dadi dalane mugo uripmu bahagio mulyo karo wong ayu sing dadi pilihanmu